Minggu, 25 Agustus 2013

" Semanggi Semangat Pagi "

Sego sak rinjing dipangan boyo
Lawuhe babat botoke luntas
Sugeng enjing sedulur sedoyo
Mugi tansah sehat seger lan waras

Blonjo permen nang pasar raya
Gambare nanas bungkus paketan
Dino senen melu upacara
Nang awak adem panas rodok kringetan

Nang bondowoso mangane gudeg
Ngombe es kopyor imbuhe jadah
Yen dipekso nang awak ndredeg
Sampek ndlosor lambe nggasruk lemah

Manuk bubut nang tengah sawah
Mabur nang tegal gak nok tandurane
Jare semaput kakehan polah
Jaluk senderan bantal sak sarapane

Byuhhhhhhh model opo rekkkk????
ojok lali sarapannn rekkkkk 
Nyohhhhhh sarapan Oseng oseng granat mbek Rica rica merconnn
endi parikanmu?

0 komentar:

Posting Komentar