Selasa, 27 Agustus 2013

KIPLI BUNUH DIRI

Ceritane kipli arepe bunuh amargo batal ora sido rabi,tunangane si minul malah rabi karo wong lanang liyo....

Sainem : (mbokne kipli)
ko' gowo tali dowo arepe gawe opo to lee....??? (karo nyapu neng latar)

Kipli :
arep tak gawe naleni guluku mbok ben ndang mati....aq wes ora sanggup urip.....(karo gulung tali gadung)

Sainem :
(kaget, geblak njur tangi maneh) awakmu arepe ngendat opo piye lee....???

Kipli :
iyo mbok....aq arepe ngendat gantung neng wit nongko mburi omah....(karo nyambung2 tali)

Sainem :
(geblak maneh njur tangi) ojo guyonan tah lee....wong mati ngendat iku ara apik....(nguncalno sapu)

Kipli :
ora guyonan mbok iki beneran aq arepe ngendat......ben dusone tak tanggunge dewe.... (nekad tenan)

Sainem :
jane ono opo to lee ko' ujug2 nekad arepe ngendat ki...heeemmmm (cincing2 sewek)

Kipli :
sampean ngerti to mbok si minul.....(lambene mewek2 arepe nangis)

Sainem :
iyo ngerti, minul iku kan calon bojomu to lee....ono opo karo minul...??? (lambene melu mewek2)

Kipli :
si minul mbatalno tunangan mbok ora gelem dadi bojoku...jare malah arep rabi karo wong lanang liyo.....hua hua hua hua (nangis gero2)

Sainem :
(geblak tangi maneh) mosok to lee minul batalno tunangan....simbok wes kadung blonjo akeh gawe rabimu sesok iki pye jal.....

Kipli :
ora urusan mbok pokok e aq arep bunuh diri....(mlayu neng mburi omah)

mbok sainem bingung njur melayu mlebu omah gugah bojone pak bogel seng lagi leyeh2 neng bale.....

Sainem :
pakne,pakne,pakne tangi pak cepetan tangi....(girap2 koyo' wong kesurupan)

Bogel :
(kaget tangi jekekal) ono opo to mbokne ngaget2i wong lanang turu ae....(kriyip2 mripate)

Sainem :
anakmu lanang kae lo pakne....si kipli

Bogel :
ono opo karo kipli...??

Sainem :
si kipli arepe ngendat gantung neng wit nongko mburi omah kae lo pakne....cepetan ge ndang di tututi...(girap2)

bogel :
heehhhh (kaget) kipli arepe ngendat....neng ngendi saiki arek e....??

Sainem :
wes melayu neng mburi omah karo gowo tali....cepetan pakne cepetan di susul....

Bogel :
iyo iyo iyo iyo.....(nyopot sarung njur melayu neng mburi omah karo sainem)

bareng wes tekan mburi omah ngrti kipli wes menek wit nongko.....

Bogel :
timbang awakmu mati ngendat mending mudune mrene lee tak pateni aq dewe ae....(karo malang kerik neng ngisor wit nongko)

Sainem :
huuussssss.....pakne sampean iku ngomong opo....???

Bogel :
wes gerang ora duwe isin arepe ngendat2 barang.....cepetan ge ndang mudun...

Kipli :
aq emoh mudun....(siap2 arep gantung)

Saninem :
ojo ngendat lee ojo ngendat....jane minul ki kenopo ko' batalno tunangan.....awakmu ki duwe salah opo to lee.....???

Kipli :
minul wes ora seneng karo aq mbooook.....(karo gelantung neng wit klopo)

Bogel :
oalah wong lanang ko' cemen ngono to lee....wong wedok tunggale akeh ora minul tok....

Kipli :
aq senenge karo minul.....lek ora karo minul mending aq mati ae....

Sainem :
la iyo mergo opo minul batalno tunangan......???

Kipli :
mergo minul wes ngeti aq mbok....

Sainem :
minul ngerti opo to lee....opo awakmu selingkuh yoooo....???

Kipli :
aq ora selingkuh mboookk.....hua hua hua (nangis koar2)

Sainem :
la terus mergo opo lee...???

Kipli :
mergo minul ngerti anuku mbookkk.......

Sainem :
minul ngrti anumu kenopo....??

Kipli :
minulllllll.....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Minul ngerti anuku durung sunat mbookkk.....terus batalno tunangan, saiki malah arep rabi karo wong lanang liyo......hua hua hua hua (nangise san soyo banter)

Sainem & Bogel :
oalah ngono tah......(geblak bareng)

@cak wandy tok til.....

0 komentar:

Posting Komentar