Selasa, 27 Agustus 2013

SAINEM GOLEK UTANGAN

SAURUNGE MOCO CRITO SEMI KOPLAK LUWEH APIK NGELIKE DISEK LURRR..
Sainem dino iki binggung mergo arep arisan motor urung duwe duit..nang pikirane nuju nang bogel sing iso nyilihi duit dinge bayar arisan motor..arep moro nang omahe bogel,nanging bogel wes liwat omahe sainem..terus sainem nyeluk bogel..

Sainem..kangggg..!! Mandekko diluk ae..

Bogel..enek opo nem.

Sainem..arep nangdi sampean kang..? Reneo dilut kang,enek kepentingan titik..

Bogel..arep nang warung..enek opo to nem..??

Terus sainem crito nang bogel lek arep nyileh duit nang bogel..sainem yo crito lek nyileh duit kanggo arisan motor..

Sainem..kang perluku cuman arep nyileh duit..enek pora kang..??

Bogel..arep dinge opo nem..?? Gek piro kuwi nem..??

Sainem..cuman titik kang..1jt ae tulung yo kang..

Bogel..lek sakmono ora enek lho nem..eneke gur 150 ewu..piye..??

Sainem..tulungen aku to kang..engko lek aku wes dikirimi anakku sing kerjo nang luar negri tak balekne kang..

Bogel..tenan nem aku ora duwe,jajal nyileh liane nem..

Sainem..wegah kang..waniku cuman karo sampean kang..

Bogel..dikandani kok ngeyel to nem..nem..

Akhire sainem binggung piye carane ben oleh silihan duit..terus sainem nang pikirane lek bogel duwe mas2n akeh..

Sainem..kangggg..kanggg (karo ngalem)

bogel..aku ora iso nyilihi lek sakmono nem..wes nyileh liane wae nem..aku tak nerusne nang warung..

Sainem..sek to kang..oh yo sampean kan duwe mas2n akeh to kang..

Bogel..mas2n mbahmu kiper kuwi..(karo mangkel mergo sainem ngeyel ae)

sainem..lha kuwi nang gulumu kan gedi to kang kalunge..??

Bogel..motomu opo wes wuto to nem..!!

Sainem..ndang kang ndolen emas nang gulumu kuwi..

Bogel..iki dudu emas nemmmmmmm...!!

Sainem..laa opo kang..??

Bogel..iki jenenge..

.

.

.

.

.

.

GONDOK..nemmmmm..!!

Sainem..ohhh..tak kiro..

.

.

.

.

.

EMAS MBOK NDELEKNE..kang (karo mrenges)..

Bogel..ndassmu kuwi..!!! (karo ngaleh mergo mangke)..

wkwkwkwkwkwk..met menjelang siang lurr

0 komentar:

Posting Komentar