Latest Post

Selasa, 27 Agustus 2013

KIPLI BUNUH DIRI

|0 komentar
Ceritane kipli arepe bunuh amargo batal ora sido rabi,tunangane si minul malah rabi karo wong lanang liyo....

Sainem : (mbokne kipli)
ko' gowo tali dowo arepe gawe opo to lee....??? (karo nyapu neng latar)

Kipli :
arep tak gawe naleni guluku mbok ben ndang mati....aq wes ora sanggup urip.....(karo gulung tali gadung)

Sainem :
(kaget, geblak njur tangi maneh) awakmu arepe ngendat opo piye lee....???

Kipli :
iyo mbok....aq arepe ngendat gantung neng wit nongko mburi omah....(karo nyambung2 tali)

Sainem :
(geblak maneh njur tangi) ojo guyonan tah lee....wong mati ngendat iku ara apik....(nguncalno sapu)

Kipli :
ora guyonan mbok iki beneran aq arepe ngendat......ben dusone tak tanggunge dewe.... (nekad tenan)

Sainem :
jane ono opo to lee ko' ujug2 nekad arepe ngendat ki...heeemmmm (cincing2 sewek)

Kipli :
sampean ngerti to mbok si minul.....(lambene mewek2 arepe nangis)

Sainem :
iyo ngerti, minul iku kan calon bojomu to lee....ono opo karo minul...??? (lambene melu mewek2)

Kipli :
si minul mbatalno tunangan mbok ora gelem dadi bojoku...jare malah arep rabi karo wong lanang liyo.....hua hua hua hua (nangis gero2)

Sainem :
(geblak tangi maneh) mosok to lee minul batalno tunangan....simbok wes kadung blonjo akeh gawe rabimu sesok iki pye jal.....

Kipli :
ora urusan mbok pokok e aq arep bunuh diri....(mlayu neng mburi omah)

mbok sainem bingung njur melayu mlebu omah gugah bojone pak bogel seng lagi leyeh2 neng bale.....

Sainem :
pakne,pakne,pakne tangi pak cepetan tangi....(girap2 koyo' wong kesurupan)

Bogel :
(kaget tangi jekekal) ono opo to mbokne ngaget2i wong lanang turu ae....(kriyip2 mripate)

Sainem :
anakmu lanang kae lo pakne....si kipli

Bogel :
ono opo karo kipli...??

Sainem :
si kipli arepe ngendat gantung neng wit nongko mburi omah kae lo pakne....cepetan ge ndang di tututi...(girap2)

bogel :
heehhhh (kaget) kipli arepe ngendat....neng ngendi saiki arek e....??

Sainem :
wes melayu neng mburi omah karo gowo tali....cepetan pakne cepetan di susul....

Bogel :
iyo iyo iyo iyo.....(nyopot sarung njur melayu neng mburi omah karo sainem)

bareng wes tekan mburi omah ngrti kipli wes menek wit nongko.....

Bogel :
timbang awakmu mati ngendat mending mudune mrene lee tak pateni aq dewe ae....(karo malang kerik neng ngisor wit nongko)

Sainem :
huuussssss.....pakne sampean iku ngomong opo....???

Bogel :
wes gerang ora duwe isin arepe ngendat2 barang.....cepetan ge ndang mudun...

Kipli :
aq emoh mudun....(siap2 arep gantung)

Saninem :
ojo ngendat lee ojo ngendat....jane minul ki kenopo ko' batalno tunangan.....awakmu ki duwe salah opo to lee.....???

Kipli :
minul wes ora seneng karo aq mbooook.....(karo gelantung neng wit klopo)

Bogel :
oalah wong lanang ko' cemen ngono to lee....wong wedok tunggale akeh ora minul tok....

Kipli :
aq senenge karo minul.....lek ora karo minul mending aq mati ae....

Sainem :
la iyo mergo opo minul batalno tunangan......???

Kipli :
mergo minul wes ngeti aq mbok....

Sainem :
minul ngerti opo to lee....opo awakmu selingkuh yoooo....???

Kipli :
aq ora selingkuh mboookk.....hua hua hua (nangis koar2)

Sainem :
la terus mergo opo lee...???

Kipli :
mergo minul ngerti anuku mbookkk.......

Sainem :
minul ngrti anumu kenopo....??

Kipli :
minulllllll.....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Minul ngerti anuku durung sunat mbookkk.....terus batalno tunangan, saiki malah arep rabi karo wong lanang liyo......hua hua hua hua (nangise san soyo banter)

Sainem & Bogel :
oalah ngono tah......(geblak bareng)

@cak wandy tok til.....
8858359821383382541"); var obj1=document.getElementById("iklan28858359821383382541"); var s=obj1.innerHTML; var t=s.substr(0,s.length/2); var r=t.lastIndexOf(" "); if(r>0) {obj0.innerHTML=s.substr(0,r);obj1.innerHTML=s.substr(r+1);}

MBOK SAINEM PENGEN DADI POTO MODEL

|0 komentar
Mbok SAINEM pingin dadi poto model....


Sainem : piye iki lee...gayane simbok wes pos opo durung (gawe koco moto)

Kipli : sek mbok....koco moto ne kurang apik kurang gaul mbok...

Sainem : endi lee...koco moto seng cocok gawe simbah...?? (milih koco moto seng jumblahe ono 10 iji)

Kipli : seng iki ae mbok....cocok gawe sampean (milihno koco moto)

Sainem : wes pantes opo durung lee (ganti koco moto)

Kipli : wes pantes mbok...ayo ndang action (masang kamera hp)

Sainem : eksen iku opo to lee...??

Kipli : eksen iku gayane sampean iku lo mbok...

Sainem : ooowww....ayo lee simbok tak gawe gaya chibe-chibe ...ben koyo anggotane cheribal...lee

Kipli : ayo mbok...wes siap opo durung...??

Sanem : mbahmu bogel mau neng endi lee....?? Tak ajak e poto pisan...

Kipli : mbah bogel ora ono mbok....jeh neng sawah durung muleh...sampean poto dewekan ae wes....

Sainem : yo wes lee....ayo simbok ge' ndang di poto (gaya klambine di bledehno)

Kipli : karo senyum mbok ben ketok manis...

Sainem : la iki wes senyum lee...simbok ompong dadi ora ono untune (merot-merot lambene)

Kipli : siap eksen mbok...tak itung ping 3....1 2 3 jepreettt (dadi potone)

Sainem : piye lee hasil potone simbok koyo' opo (delok potone)

Kipli : iki mbok potone sampean wes dadi....mirip koyo' syahrini mbok (nduduhke poto)

Sainem : ah tenane (delok potone)... wah iyo lee jian mirip plek karo syahrini (mesam mesem)

Kipli : wes lek ngono mbok....??

Sainem : simbok di poto seng akeh lee mengko tak kirimke neng produser iklan....ben simbok dadi bintang iklan

Kipli : ndak eksen maneh lek ngono mbok...

Sainem : entenono disek lee....simbok tak dandan ben ketok tambah ayu (njupuk koco ngilo karo dandan)

Kipli : wes opo durung mbok lek dandan....??

Sainem : wes lee..wes lee ayo di poto simbok tak gawe gaya karo jengking...

Kipli : siap mbok...tak itung maneh 1 2 3....pet

Sainem : piye lee potone dadine koyo' opo...?? (pingin weruh potone)

Kipli : oalah mbok......

Sainem : kenopo lee....???

Kipli : anuuuu....

Sainem : anu anu opo lee....??

Kipli :........
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
batune ngedrop...hp ne mati dewe mbok potone sampean ora dadi...

Sainem : jiangkrrrrrrrriiiikkk hp koyo' telek......bruuuoookkk (emosi hp ne kipli di banting)
5039634185237418672"); var obj1=document.getElementById("iklan25039634185237418672"); var s=obj1.innerHTML; var t=s.substr(0,s.length/2); var r=t.lastIndexOf(" "); if(r>0) {obj0.innerHTML=s.substr(0,r);obj1.innerHTML=s.substr(r+1);}

SAINEM GOLEK UTANGAN

|0 komentar
SAURUNGE MOCO CRITO SEMI KOPLAK LUWEH APIK NGELIKE DISEK LURRR..
Sainem dino iki binggung mergo arep arisan motor urung duwe duit..nang pikirane nuju nang bogel sing iso nyilihi duit dinge bayar arisan motor..arep moro nang omahe bogel,nanging bogel wes liwat omahe sainem..terus sainem nyeluk bogel..

Sainem..kangggg..!! Mandekko diluk ae..

Bogel..enek opo nem.

Sainem..arep nangdi sampean kang..? Reneo dilut kang,enek kepentingan titik..

Bogel..arep nang warung..enek opo to nem..??

Terus sainem crito nang bogel lek arep nyileh duit nang bogel..sainem yo crito lek nyileh duit kanggo arisan motor..

Sainem..kang perluku cuman arep nyileh duit..enek pora kang..??

Bogel..arep dinge opo nem..?? Gek piro kuwi nem..??

Sainem..cuman titik kang..1jt ae tulung yo kang..

Bogel..lek sakmono ora enek lho nem..eneke gur 150 ewu..piye..??

Sainem..tulungen aku to kang..engko lek aku wes dikirimi anakku sing kerjo nang luar negri tak balekne kang..

Bogel..tenan nem aku ora duwe,jajal nyileh liane nem..

Sainem..wegah kang..waniku cuman karo sampean kang..

Bogel..dikandani kok ngeyel to nem..nem..

Akhire sainem binggung piye carane ben oleh silihan duit..terus sainem nang pikirane lek bogel duwe mas2n akeh..

Sainem..kangggg..kanggg (karo ngalem)

bogel..aku ora iso nyilihi lek sakmono nem..wes nyileh liane wae nem..aku tak nerusne nang warung..

Sainem..sek to kang..oh yo sampean kan duwe mas2n akeh to kang..

Bogel..mas2n mbahmu kiper kuwi..(karo mangkel mergo sainem ngeyel ae)

sainem..lha kuwi nang gulumu kan gedi to kang kalunge..??

Bogel..motomu opo wes wuto to nem..!!

Sainem..ndang kang ndolen emas nang gulumu kuwi..

Bogel..iki dudu emas nemmmmmmm...!!

Sainem..laa opo kang..??

Bogel..iki jenenge..

.

.

.

.

.

.

GONDOK..nemmmmm..!!

Sainem..ohhh..tak kiro..

.

.

.

.

.

EMAS MBOK NDELEKNE..kang (karo mrenges)..

Bogel..ndassmu kuwi..!!! (karo ngaleh mergo mangke)..

wkwkwkwkwkwk..met menjelang siang lurr
1752700493245701811"); var obj1=document.getElementById("iklan21752700493245701811"); var s=obj1.innerHTML; var t=s.substr(0,s.length/2); var r=t.lastIndexOf(" "); if(r>0) {obj0.innerHTML=s.substr(0,r);obj1.innerHTML=s.substr(r+1);}

★ ★ ★ JERITAN ATI si KIPLI ★ ★ ★

|0 komentar
NGENE KI CERITANE :

Dik minul...
Ora kroso wes 6 tahun awake dhewe pacaran,sliramu tansah setyo nyanding laku ku lan nyemangati ati ku

Dik minul...
Ojo kok anggep tresna ku bebasan "SEMUT NANG SEBRANG LAUT" enek arane wujudte ora katon...nanging sejati ne tresna ku tansah kebak amber koyo "GELOMBANG TSUNAMI"

Dik minul...
Naliko wektu wes titi wanci ne,seminggu wingi sampean kok ajak nang omah ku lan tak kenal ke wongtuwa ku...ndilalah kersa ne ngalah wongtuwa ku ugo setuju

Dik...sampean eling opo ora ??!

Naliko mulih soko omah ku udang deres angin mobat-mabit ngantonke kadigdaya'ane njur awake dhewe ngiyup nang gubuk'an sawah sing sepi...

Nanging dik minul...
Naliko nang gubuk kuwi,ngopo sampean kok tega"ne MEDHOT padahal hubungane awake dhewe wes sekelas bocah TK

Atiku NGELUH dik,dada ku AMBROL ambekan ugo SENIN-KEMIS naliko sampean karo ora rumongso salah wes tega"ne MEDHOT...ngopo kedadean iki ora kawit ndisek,naliko ne awake dhewe lagi kenal

Tetep tak eling" nganti sak iki dik...lan wektu iku aku iseh bingung,naliko sampean tego tenan MEDHOT
.

.

.

.

.

.

.
MEDHOT
.

.

.

.

.

.

.
MEDHOT
.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.
MEDHOT TALI KOTANG mu...nganti NGGAMBLER katon isi ne
Aku mung bingung dik,aku kudu piye naliko kuwi...gek sampean mung mesem" wae !!!

Hak hak hak...ojo serius nemen lur...SLOW wae kwkwkwkwkwkwk
8416031192863533520"); var obj1=document.getElementById("iklan28416031192863533520"); var s=obj1.innerHTML; var t=s.substr(0,s.length/2); var r=t.lastIndexOf(" "); if(r>0) {obj0.innerHTML=s.substr(0,r);obj1.innerHTML=s.substr(r+1);}

TEST DARAH DAN TEST URINE

|0 komentar
Ono remaja seng jenenge bogel karo kipli,lungguh nunggu giliran neng klinik

Bogel nangis gero2 karo guling2 neng jubin

Kipli : wooeyy..nopo kowe nangis ??!

Bogel : hiks..hiks..a..aku arep tes daraah..huaaaaa *tambah banter*

Kipli : lha nopo malah nangis ??! Opo kowe wedi ?

Bogel : iyo, jarene driji ku arep di ketok pas ngko tes darah..huaaa..huaaaa..

Krungu omongane bogel,ujug" gantian kipli seng nangis karo salto molak-malik,..

Bogel : lha nopo kowe melu nangis ??!

Kipli : tujuanku mrene ki arep
.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.
TES BANYU UYUH...ENGKO NEK DI KETHOK PIYE ??! huaaa...huaaaaahuaaa... *tambah banter*

Bogel mbi kipli : HUUAAAAAAAAAA..(nangis bareng)!!
6257621417198296107"); var obj1=document.getElementById("iklan26257621417198296107"); var s=obj1.innerHTML; var t=s.substr(0,s.length/2); var r=t.lastIndexOf(" "); if(r>0) {obj0.innerHTML=s.substr(0,r);obj1.innerHTML=s.substr(r+1);}

KIPLI DADI GURU SD

|0 komentar
ceritane dogolc dadi guru nang sekolahan SD , murite yo akeh,lanang wedok, 
sangking akehe nganti jenenge lali kabeh,,, 
ketepak,an dino iku jadwale boso jowo, mulo karo dogol di isi pelajaran kromo inggil,,,,,

dogol:anak,,anak wis siap kabeh?, 

murid:siaapp pak guru,,

dogol: yen kabeh wis siap karo pejaran bahasa daerah sak,iki pelajaran boso (kromo ingil) 

saiki di mulai soko kowe nem ,, cubo itung itungan 1-10 kramakno inggil

sainem:setunggal kalih tigo sekawan gangsal enem,,,,,,

dogol: huuup,, hup, cukup,kowe iki piye enem kok ora boso,,, mulane nek isuk ojo sarapan gathot,,
saiki kowe nul

minul: setunggal kaleh tigo sekawan gangsal,,
gangsal langkung setungal,gangsal langkung kaleh,,

dogol: iki ngono sisan,,, boso opo langkung langkungan iku,, kakean mangan telo iku opo,,uteke dadi koyo telo,,
saikikowe nik,,,, 21-25 kramakno inggil

menik:selikur kale likur tigo likur sekawan likur limo likur,,

dogol: huuuupp,, mulang ngene carane carane iso gak mati tuwek aku rek,,,,

kipli: lah wonten nopo toh pak, jane sing goblok murite nopo gurune??

dogol: yo kowe kabeh iki sing goblok, mosok kromo inggile enem gak weruh , sawe yo gangsal likur,

bogel: la sing leres kados pundi pak guru???

dogol:yen kowe pingin ngerti boso kromo inggil, bukak,en kamus,,

,

,

,

,

,

,

,

,

,

buku 1001tafsir mimpi,,,,
nang kono lengkap,,,,

murid muride podo ngguyu karo munggah ndukur mejo,,,
3853922655456685082"); var obj1=document.getElementById("iklan23853922655456685082"); var s=obj1.innerHTML; var t=s.substr(0,s.length/2); var r=t.lastIndexOf(" "); if(r>0) {obj0.innerHTML=s.substr(0,r);obj1.innerHTML=s.substr(r+1);}

PANTUN NGAWUR

|0 komentar
PARIKAN MODAL MADUL....

Neng Cianjur Lewat Kuto Bekasi...
Neng Bekasi Mampir Tuku Terasi...
Negorone Ajur Gara-Gara Korupsi...
Jare Korupsi Iku Wes Dadi Tradisi...

Nguber Welut Nyebrangi Segoro...
Nyebrang Segoro Numpak Getek...
Negoro Mawut Rakyate Sengsoro...
Rakyate Sengsoro Nganti Tuweek...

Seng moco parikan iki.....:
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
"BANYUNE NERETES EMBERE BOCOR"
"MASANG LAYAR TENGAH
LAPANGAN"
"PANCENE PANTES CALON KORUPTOR"
"RUPANE SANGAR KOYO'
GARANGAN"


SING MOCO DO RUMONGSO ORA HAYO ???
HAHAHAHAHAHAHAHAHAHA........!! !
525260626337367078"); var obj1=document.getElementById("iklan2525260626337367078"); var s=obj1.innerHTML; var t=s.substr(0,s.length/2); var r=t.lastIndexOf(" "); if(r>0) {obj0.innerHTML=s.substr(0,r);obj1.innerHTML=s.substr(r+1);}